DETAIL REKOD
Kembali ke sebelumnya
Kembali ke sebelumnya
Judul | ANALISIS SEMIOTIK DALAM SERAT PEPELING LAN PAMRAYOGA KARYA JAGAWIGATA |
Edisi | |
No. Panggil | |
ISBN/ISSN | |
Pengarang | Taufik Suhardi |
Subyek/Subjek | Bahasa Jawa |
Klasifikasi | |
Judul Seri | GMD | Skripsi |
Bahasa | Indonesia |
Penerbit | PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS MU |
Tahun Terbit | 2012 |
Tempat Terbit | Purworejo |
Kolasi | |
Catatan | |
Detil Spesifik | ABSTRAK Taufik Suhardi. Analisis Semiotik dalam Serat Pepeling lan Pamrayoga karya Jagawigata. Skripsi, Purworejo. Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Bahasa dan sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo 2012. Paneliten menika gadhah ancas mangertosi asil analisis semiotik ngginakaken pembacaan heuristik teks Serat Pepeling lan Pamrayoga lan mangertosi asil analisis semiotik ngginakaken pembacaan hermeneutik teks Serat Pepeling lan Pamrayoga. Teori ingkang dados pathokan inggih menika teori ingkang mratelakaken bilih sajak (kasusastran) tuwuh saking arti basa amargi ngginakaken basa ingkang trep kalihan struktur sastra miturut konvensinipun, inggih punika arti tambahan ingkang adhedhasar konvensi-konvensi sastra lan teori-teori ingkang mratelakaken bilih nalikane nganalisis puisi mawi pendekatan semiotik saged miturut cara pembacaan pembacaan heuristik lan pembacaan hermeneutik utawi retroaktif. Metode ingkang dipunginakaken wonten ing paneliten menika inggih menika metode deskriptif kualitatif. Data dipunkempalaken ngginakaken teknik baca lan teknik catat. Sumber data arupi naskah Serat Pepeling lan Pamrayoga karya Jagawigata ingkang kasimpen ing Musium Dewantara Kirti griya Taman Siswa Yogyakarta. Instrumen penelitian ingkang dipunginakaken inggih menika peneliti minangka sumber instrumen kabiyantu buku-buku ingkang relevan kalihan penelitian. Analisis data kaperang dados kalih, nun inggih pembacaan heuristik lan pembacaan hermeneutik teks-teks tembang ing Serat Pepeling lan Pamrayoga. Kasil analisis saged dipunpendhet dudutan bilih salebeting teks Serat Pepeling lan Pamrayoga kathah ngewrat penyimpangan frasa (kata) lan kalimat (sintaksis) amargi wontenipun konvensi guru lagu, guru gatra dan guru wilangan satemah pembacaan heuristik saged dipunwastani sanget mbiyantu para maos nalika negesaken teks tembang wau. Nanging asil pembacaan heuristik ingkang kalakonipun kanthi njlentrehaken frasa lan kalimat dereng saged njarwakaken teks kanthi pepak, amargi wonten ing teks kala wau ugi ngewrat teges ingkang langkung wiyar amargi konvensi bahasa kiasan sarana retorika lan gaya bahasa mliginipun, satemah taksih mbetahaken analisis pembacaan hermeneutik. Makna ingkang saged kapendhet saking isi teks kala wau inggih menika bab wigatosing dados jalma ingkang tansah waspada, rukun, jujur, adil, gadhah ati ingkang mantep, lan tansah ngudi kemajuwaning pakumpulan lan kemajuan bangsa. Kata-kata kunci : heuristik, hermeneutik, tembang |
Gambar Sampul | ![]() |
Lampiran | LOADING LIST... |
Ketersediaan | LOADING LIST... |
Kembali ke sebelumnya |