DETAIL REKOD
Kembali ke sebelumnya
Kembali ke sebelumnya
Judul | Upaya Peningkatan Keterampilan Menulis Pacelathon dengan Strategi Think-Pair-Share |
Edisi | |
No. Panggil | |
ISBN/ISSN | |
Pengarang | Linawati Amsyah |
Subyek/Subjek | Bahasa Jawa |
Klasifikasi | |
Judul Seri | GMD | Skripsi |
Bahasa | Indonesia |
Penerbit | |
Tahun Terbit | 2012 |
Tempat Terbit | Purworejo |
Kolasi | |
Catatan | |
Detil Spesifik | ABSTRAK Linawati Amsyah. 2012. “Upaya Peningkatan Keterampilan Menulis Pacelathon dengan Strategi Think-Pair-Share Pada Siswa Kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun Tahun Pelajaran 2011/2012”. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. Kaprigelan nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun taksih kirang sae. Pramila, merlokake strategi pasinaon ingkang trep. Perkawis ingkang wonten panaliten ingkang sepisan kadospundi rerenconing pasinaon nyerat pacelathon ngagem strategi think-pair-share kagem siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun, kaping kalih kadospundi pengaruh strategi think-pair-share kagem motivasi pasinaon nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun, lan kaping tiga kadospundi mundhaking kaprigelan nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun saksampunipun ndherek pasinaon nyerat pacelathon mawi strategi think-pair-share? Panaliten punika ngginakake strategi think-pair-share ngagem sarana ingkang dipunginakake kagem mundhaking kaprigelan nyerat pacelathon. Teori ingkang dipunginakake ngagem acuan inggih menika Trianto (2011: 81) ingkang jlentrehake menawi strategi think-pair-share inggih menika jinising pasinaon kooperatif ingkang dipun rakit kangge ndamel pola interaksi siswa. Panaliten punika ngginakake cengkorongan penelitian tindakan kelas ingkang dipunleksanakake mawi kalih siklus inggih punika siklus I lan siklus II. Objek panaliten inggih punika kaprigelan nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun. Data dipun olah mawi teknik deskriptif kuantitatif lan deskriptif kualitatif. Teknik deskriptif kuantitatif dipunginakake kagem ngolah data kaprigelan nyerat pacelathon lan teknik deskriptif kualitatif kagem mangerteni pengaruh motivasi pasinaon siswa. Kasil panaliten mratelakake menawi (1) rerenconing wonten ing pasinaon menika wonten kalih siklus inggih menika siklus I lan siklus II. Pasinaon menika ngagem strategi think-pair-share kagem mundhakake kaprigelan nyerat pacelathon. (2) motivasi lan keaktifan siswa wonten ing pasinaon nyerat pacelathon ngagem strategi think-pair-share angsal respon positif saking siswa lan saged memotivasi siswa supadhos ndamel pacelathonipun piyambak. (3) kaprigelan nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun tahun ajaran 2011/2012 saksampune ngagem strategi think-pair-share mundhak langkung sae. Sakmenika adhedhasar analisis data panaliten kaprigelan nyerat pacelathon menawi prasiklus, siklus I, lan siklus II ketingal mundhak biji rata-ratanipun aspek. Biji rata-rata kaprigelan nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun tahap prasiklus 65,48. Biji rata-rata kaprigelan nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun tahap siklus I 72,68 utawi mundhak 9,89% saking prasiklus. Skor rata-rata kaprigelan nyerat pacelathon siswa kelas XI IPA 2 MAN Kutowinangun tahap siklus II 74,74 utawi mundhak 2,76% saking siklus I. Kata-kata kunci: nyerat, pacelathon, strategi think-pair-share |
Gambar Sampul | ![]() |
Lampiran | LOADING LIST... |
Ketersediaan | LOADING LIST... |
Kembali ke sebelumnya |